You Might Also Like

Tampilkan postingan dengan label tanah mbah maridjan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label tanah mbah maridjan. Tampilkan semua postingan

Rabu, 26 September 2012

Kurban Merapi Nampi Sertifikat Tanah Pertanian

Dinten Selasa enjing (5/4), 200 Warga Sleman nampi Sertifikat Tanah Pertanian. Warga ingkang nampi Sertifikat, racakipun kurban kurdaning Redi Merapi ing Desa Argomulyo, Cangkringan Kecamatam lan Warga Widodomartani, Kecamatan Ngemplak, Sleman.
Salah satunggaling Warga kurban kurdaning Redi Merapi, ingkang nampi Sertifikat inggih punika Rapingu, Warga Widodomartani, Ngemplak, Sleman. Rapingu nelakaken remen, nampi Sertifikat kasebat, sinaosa samangke, saperangan sabinipun katrajang bena ladhu saking Lepen Opak.
Sertifikat Tanah Pertanian punika, kanthi simbolis dipun pasrahaken dening Wakil Gubernur DIY, Sri Paku Alam IX Kaping, mapan ing Balai Desa Argomulyo, Cangkringan, Sleman. Ing kalodhangan Wau, ugi dipun pasrahaken bantuwan kewan Ternak arupi trewelu Sarta Maneka jinis bibit woh wohan kangge Warga ing sakiwatengenipun perenging Redi Merapi. Ing kalodhangan kasebat, Sri Paku Alam ngendika, kanthi wontenipun Sertifikat Tanah Wau, Pramila Warga ingkang badhe gadhah pasiten tetanen langkung Ayem. Kejawi punika, Sertifikat Tanah kasebat ugi saged dipun dadosaken boreg kangge pados Sambutan Pawitan.
Asisten Sekretaris II, Pemerintah Kabupaten Sleman, Sunaryo, ing kalodhangan kasebat ngajab dhateng pemerintah, supados saksampunipun kurdaning Redi Merapi, Warga perenging Redi Merapi langkung dipun wigatosaken, ngengeti ing Sleman dipun panggihaken wonten 300 hektar sabin ingkang risak ketaman kurdaning Redi Merapi.

smber : jogja  tv

Senin, 23 Juli 2012

Pengukuran Tanah Lahan Erupsi Merapi Tahun 2010

Pengukuran tanah kawasan erupsi merapi ini di ukur oleh team BPN DIY dalam rangka P4T yaitu terkait dengan penggunaan penguasan pemilikan dan penggunaan tanah. sehingga dengan adanya p4t tersebut mengenai informasi tanah terkena erupsi merapi lebih akurat dan bisa di pertanggung jawabkan.

berikut vidio vidio dengan durasi 5 menitan

Advertisements

Advertisements